Thursday, October 18, 2012

Serat Wulangreh - Pupuh 5


PUPUH V
MASKUMAMBANG

01

Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.

02

Apan koyo mangkono watekanneki, sanadyan wong tuwa yen duwe watak tan becik, miwah ing tindak prayoga.

03

Aja sira niru tindak kang tan becik, sanadyan wong liya, lamun pamuruke becik, miwah ing tindak prayoga.

04

Iku pantes yen sira tiruwa kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, kaki iku estokena.

05

Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing donya tumekeng akhir, tan wurung kasurang-surang.

06

Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja ana kang kumawani, ing bapa tanapi biyang.

07

Ana uga etang etangane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.

08

Ingkang dening rama iku kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, lan marang sadulur tuwa.

09

Kaping pat marang guru kang sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, pacincene kawruhana.

10

Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badanireki, kinawruhan padhang hawa.

11

Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing bating saking Hyang Widdhi, milane wajib sinembah.

12

Pan kinarsakake marang ing Hyang Widdhi, kinarya lantaran, ana ing dunya puniki, nyalaki becik lan ala.

13

Saking ibu rama margane udani, miwahmaratuwa, lanang wadon den bekteni, aweh rasa ingkang nyata.

14

Sajatine rasa kang mencarke wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa.

15

Pan sinembah gegantining rama ugi, pan sirnaning wong tuwa, sadulur tuwa gumanti, inkang pantes sira tuta.

16

Iba warah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping papat, marang ing guru sayekti, marmane guru sinembah.

17

Kang pituduh marang marganing ngaurip, tumekeng antaka madhangken petenging ati, mbeneraken marga mulya.

18

Wongduraka ing guru abot sayekti, mila den prayitna, minta sih siyang ratri, ywa nganti suda sihira.

19

Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti kang Murba, ing pati kalawan urip, paring sandhang lawan pangan.

20

Wong neng dunya wajib manuta mring Gusti, lawan para lurah, sapratingkahe den esthi, aja dumeh wis awirya.

21

Nora putra santana wong cilik, pan padha ngawula, pan kabeh namani abdi, yen dosa kukume padha.

22

Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira angenira sayekti, tan wurung anemu papa.

23

Angungasken putra sentananing Aji, iku kaki aja, wong suwita nora becik, kudu wruh ing karsanira.

24

Yen tinuduh saking Sang Maha Narpati, barang pituduhnya, poma estokna sayekti, karyanira sungkemana.

25

Aja menceng saprintahe sang siniwi, den pethel aseba aywa malincur ing kardi, lan aja ngepluk sungkanan.

26

Luwih ala alane ing wong ngurip, wong ngepluk sungkanan tan patut ngawuleng Gusti, ngengera sepadha-padha.

27

Nadyan ngenger neng biyungira pribadi, yen karya sungkanan nora wurung den srengeni, yen luput pasti pinala.

28

Apa kaya mangkono ngawuleng Gusti, kalamun leleda, tan wurung bilahi, ing wuri aja ngresula.

29

Pan kinarya dhewe bilahinireki, lamun tan temene, barang pakaryane Gusti, lahir batin ywa suminggah.

30

Apa Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, pan mung bener agemira.

31

Kukum adil pan mung iku kang kaesthi, mulata padha den rumeksa Gusti, endi lire wong rumeksa.

32

Dipun gemi nastiti lan ngati-ati, gemi mring kagungan, ing Gusti ywa sira wani, anggegampang lawan aja.

33

Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti barang parentah.

34

Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyandhang karsaning Gusti, Duduke wuluh kang tampa.




Link ke