Saturday, November 3, 2012

Semar

eee..hh.. mbregegeg ugeg-ugeg sadulita, hemel..hemel..


Sugeng rawuh lan matur nuwun sanget nggih Guuss, dene andika sampun kersa pinarak dateng gubug kula nggih blog kawula "Ki Lurah Semar" versi donya-maya. Nyuwun pangapunten dene atur pambagya punika kula ngginaaken basa jawi, ananging wonten ing seratan sanes-sanesipun prayogi kula ngginaaken bahasa Indonesia kemawon.

Sak derengipun panjenengan mirsani sadaya isi gubug kula niki, panjenengan kula aturi pirsa menggah asal-usulipun Semar. Kathah pamanggih ngengingi bab menika, lan sedaya kula sumanggakaken dhateng panjenengan pundi ingkang kaanggep leres. Naning ing mriki kula namung mendhet salah satunggal kemawon, inngih punika saking naskah Purwacarita. Sumangga nggih den..

Kacarios Sang Hyang  Tunggal anggarwa Dewi Rekatawati (putrinipun Sang Hyang Rekatatama), ingkang tembenipun nglairaken jabang bayi awujud “tigan (telor)”  ingkang katingal mencorong. Sang Hyang Tunggal rumaos wirang saha kuciwa ing panggalih, ing wasana tigan kala wau kabanting lan pecah dados tiga, inggih punika kulit, pethak, lan kuningipun tigan. Tiga-tiganipun gantos wujud dados manungsa (sedaya jaler). Ingkang saking kuliting tigan kaparingan asma Antaga, ingkang saking pethakan kaparingan asma Ismaya, lan ingkang saking kuningan kaparingan asma Manikmaya.

ing salah sawijining wekdal Antaga kalian Ismaya sami tukaran amargi sami-sami anggadahi pepenginan dados putra mahkota, pewaris tahta kahyangan. Kalih-kalihipun lajeng ngawontenaken adon-adon: sak sintena ingkang kuwawa “nguntal gunung", inggih menika ingkang badhe dados pewaris tahta kahyangan. Kacarios, Antaga badhe nguntal sak nalika nanging boten kuwawa, malah tutuk lan lambenipun suwek saha mripatipun melotot. Ismaya ngginaaken cara sanes, nggih menika dipun dahar sejedhik baka sekedin, ingkang wusananipun gunung klebet wonten ing padharanipun Ismaya, ananging boten saged kawedalaken malih. Pramila Ismaya anggadhahi prawakan ingkang bunder. 
Sang Hyang  Tunggal duka sak sampunipun mangertosi bilih putranipun kekalih anggadahi niat ingkang boten prayogi lan watak ingkang srakah. Kalih-kalihipun lajeng dipun ukum, dipun dadosaken pamong keturunanipun Manikmaya (ing wasana Manikmaya kaangkat dados ratu ing kahyangan), ajejuluk Bathara Guru. Antaga kalian Ismaya tumurun dateng mercapada, ajejuluk Togog kalian Semar.