Thursday, October 18, 2012

Serat Wulangreh - Pupuh 13


PUPUH XII
GIRISA


01


Anak putu den estokna, warah wuruke pun bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke wong tuwa,ing lair batin den bisa, anganggo wuruking bapa, ing tyas den padha santosa, teguhana jroning nala.

02

Aja na kurang panrima, ing pepasthening sarira, yen saking Hyang Moha Mulya, kang nitahken badanira,
lawan dipunawas padha, asor unggul waras lara, utawa beja cilaka, urip utawa antaka.

03

Pan iku saking Hyang Suksma, miwah ta ing umurira ingkang cedhak,lan kang dawa, wus pinasthi ing Hyang Suksma, duraka yen maidowa, miwah yen kurang panrima, ing lokhilmahfut punika tulisane pan wus ana.

04

Iku padha kawruhana, sesikune badanira, aywa marang kang amurba, Kang Misesa, marang sira, yen sira durung uninga, prayoga atatakona, mring kang padha wruh ing ma’na, iku kang para ulama.

05

Kang wus wruh rahsaning kitab, darapon sira weruha, wajib moka ing Hyang Suksma, wiwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta ing tatakrama, sarengat dipunwaspada, batal kharam takokeno.

 06

Sunat lan perlu punika, perabot kanggo sadina, kaki iki dipunpadhang, tatakaniro den terang,lan aja bosen jagongan, marang kang para ‘ulama, miwah wong kang wus sempurna,pangawruhe mring Hyang Suksma.

07

Miwah ta nagara krama, tindak tanduk myang bebasan, kang tumiba marang nistha, tuwin kang tiba ing madya, lawan kang timbang utama, iku sira takokena, ya marang para sujana, miwah wong kang tuwa-tuwa.

08

Kang padha bisa micara, tuwin kang ulah susastra, iku pantes takanana, bisa madhangken tyasira, karana ujaring sastra utawa saking carita, ingkang kinarya gondhelan, amemuruk mring wong mudha.

09

Lawan sok kerepa maca, sabarang layang carita, aja nampik barang layang, carita kang kuna-kuna, layang babat kawruhana, caritane luhuriro, darapon sira weruha, lelakone wong prawira.

10

Miwah lelakone padha, kang para Wali sadaya, kang padha antuk nugraha, angsale saking punapa, miwah kang satriya, kang digdyana ing ayuda, lakune sira tiruwa,lelabetan kang utama.

11

Nora susah amirungga, mungguh lakuning satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha lan kang utama, kang asor kang padha, miwah lakuning nagara, pan kabeh ana carita, ala becik sira wruha.

12

Yen durung mangerti sira, caritane takonana, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha wruh ing carita, iku ingkang dadi uga, mundhak kapinteranira, nanging ta dipun elingan, sabarang ingkang kapiyarsa.

13

Aja na tiru ing bapa, banget tuna bodho mudha, kethul tan duwe graita, ketungkul mangan anendra, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa, mring pitutur kang prayoga, kabe padha anyakepa.

14

Umure padha dawaa, padha atut aruntuta, marang sadulure padha, den padha sugih berana, tanapi sugiha putra, pepaka jalu wanodya, kalawan maninge aja, nganti kapedhotan tresna.

15

Padha sami den pracaya, aja sumelang ing nala, kabeh pitutur punika, mapan wahyuning Hyang Suksma, dhawuh mring sira sadaya, jalarane saking bapa, Hyang suksma paring nugraha, marang anak ingsun padha.

16

Den bisa nampani padha, mungguh Sasmitaning suksma, ingkang dhawuh marang sira, wineruhken becik ala, anyegah karepanira, marang panggawe kang ala, kang tumiba siya-siya, iku peparing Hyang Suksma.

17

Paring peling maring sira, tinuduhken ing dedalan, kang bener kang kanggo uga, ing dunya ingkang sampurna, mugi anak putu padha, anaa dadi tuladha, ing kabecikan manusa, tiniruwa ing sujalma.

18

Sakehing wong kepengin, nira solah bawanira,marang anak putu padha, anggepe wedi asih, kinalulutan bala, kadhepa saparentahnya, tulusa mukti wibawa, ing satedhak turunira.

19

Didohna saking duraka, winantuwa ing nugraha, sakehe anak putu padha, ingkang ngimanaken samya, marang pituture bapak, Alloh ayem badanana, ing pandonganingsun mapan, ing tyasingsun wus rumasa.

20

Wekasingsun supaya surya, lingsir kulon wayahira, pedhak mring surupe uga, atebih marang imbulnya, pira lawase neng dunya, ing kauripaning jalma, masa nganti satus warsa, iya umuring manusa.

21

Mulaningsun muruk marang, ing kabeh atmajaningwang, sun tulis ngong wehi tembang, darapon padha rahaba, nggonira padha amaca sastra ngrasakna carita, aja bosen den apalna, ing rina wengi elinga.

22

Lan nuli pada elinga, kaya leluhure padha, digdaya betah ing tapa, sarta waskitha ing nara, ing kasampurnaning gesang, patitis tan kasamaran, iku ta panedhaning wang, kang muga kelakonana.

23

Titi tamating carita, serat weweling mring putra, kang karya serat punika, Jeng Sunana Pakubuwana, Surakarta ping sekawan, ing ngalin panedhanira, kang amaca kang amiyarsa, yen lali muga elinga.


TAMATING PAMANGUN

Telasing panuratira, ping Rong Puluh ing Muharam Kamis Pon Taun Jimawal. Bumi Karta Saptaringrat (1741). Kapitu Adidaha, obah kawula.




Link ke